Selasa, 01 Juli 2014

Antalogi Geguritan

MARANG SANG GURU

Apa ana wewarah kang bisa
Njlentrehake werdine subasita
Iki ana bocah kepengin melu obah
Nanging mbutuhake patuladhan
Mungguh kepriye carane mapanake dhiri
Kapan kudu keras budi
Kapan kudu nyelehake ati

Srengenge mumbul ana ing aksara timur
Bakal ginayuh bareng undhake umur
Endi wewarah nyata kang nguwatake
Cipta rasa lan karsa, dak gadhang-gadhang
Bisa mekarke esem manis kang tulus
Senajan lagi nandhang prihatin

Kardono
Jaya Baya eds 27, 2 Maret 1997




ORA SUMBUT

Takgadhang dadi bentenging bangsa sing gamben
Taklenthing dadi nasional sing kritis
Lan takdama-dama dadi suhing nuswantara sing sumbaga
Tibake bedhu
Menang pemilu malah ngrempelu
Nunggang jaran tanpa pedhang
Swara garang kalah perang
Sing takgadhang dadi bentenging kesatuan
Trima nonop kloap-klaop melu federalis
Ora sumbut sing mbopong lan sing mbayangkare
Mangka korbane ora rampung disangeni puji sesanti
Sumbare wae ngegiro nggegirisi
Obral getih sing ora nggetihi
Banjur apa piwalese marang batih
Sing kadhung dienshih lan diinjih-injih
Sing melu koplak alok katut tombok
Gebel pulut ora katut nguntut nangkane
Apa pikolehe sing nggegadhang lan katut dadi bathang
Mangka wis kasep melu ngrindhit jas dhasi abang tetep

Panjebar Semangat No. 2-8 Januari 2000


SAMODRA NUSANTARA

Ginurit wantah krenteg ing nala andhudhah
Ndhudhah samodra kang gumelar endah
Samodra warisan canggah embah
Apa wis dakolah
          Durung mbah
          Durung tutug anggonku dredah
          Isih rebut uyah
Ora peduli diarep-arep wayah
Dumeling welinge leluhur
Samodraku kaya duwekmu
Dakweling biyen reksanen
Olahen!!!

Delengen bandha jeroning tirta
Bandha mumpuk nggo mulyane bangsa
Reksanen saka pangrogote tangga durjana
Olahen dimen anak putu gumuyu
Tinggalen anggonmu tansah rebut untu

Samar Dijad
Panjebar Semangat No. 2, 12 Januari 20008


ING SAK NDHUWURING SAJADAH

Ing sak ndhuwuring sajadah tak gelar donga
Dak turut tasbih ngetung donga
Ora ana panggonan kanggo kebecikanku

Ing ndhuwur sajadah banjir mili luhku
Kebak rasa mongkog lan sombong
Pantes yen kok tutup pintu-Mu
Amerga abot sanggan timbanganku

Nanging menawa tega, aku mesti ora bakal kecongkah
Ya mung ampunan lan ridha-Mu ya, Allah

Ing sak ndhuwuring sajadah gemeter nyebut asma-Mu
Wis nganti maleh awakku
Nanging endi maneh kudu mandhep
Kajaba nothog pintu tresna-Mu

Sugeng Isdiyanto
Panjebar Semangat No. 15, 12 April 2008




JIARAH

Keruting praupan kang kebak tresna asih
Wis mungkur binoyong mangsa
Kang bisa sinawang blegering maesan sepasang
Tangan asihmu
Kaya lagi wingi ngusap luhku
Jerit panalangsa
Marga nalika aku lumaku katintangan
Donga pamujimu tumaruntun
Pindha tumetesing udan mangsa ketiga
Dadi patohing lumaku

Keruting pasuryan kang kebak tresna asih
Wis mungkur ginawa sepi
Soroting paningal kang ngendhem panjurung
Dadi pepadhang tumapake laku
Swara kalem kang ngundhut pambombong
Dadi cagaking sesanggeman
Pepeling langgeng pangayoming jiwa
Nanging kabeh-kabeh wis padha mungkur
Kari wewayangan kang gumawang
Ginaris watesing pepesthen
Sumawure mawar melathi
Wujuding bekti rasa kapang
(ing pusarane Bapak-Ibu)

J.F.X Hoery
Panjebar Semangat No. 16, 19 April 2008



KELANGAN

Mbok, neng endi aku saiki yen arep playon?
Latar omah wis ora ana
Lapangan wis dadi mall

Mbok, neng endi aku saiki arep penekan?
Wit-wit wis ditegori
Dadi omah cekli lan pabrik

Mbok, neng endi aku saiki arep ciblon?
Kali-kali banyune wis butheg
Kali-kali mili umpluk

Mbok, aku kepengin dolanan motor-motoran
Saka kulit jeruk
Apa isih ana, mbok?

Mbok, aku kepengin
Padhang mbulan dolanan neng latar
Padhange kaya rina
Nanging aku wedi, mbok
Mbulane wis ora padhang
Mbulane ana butane
Butane doyan bandha
Bandhane negara

Siti Purwati, S.Pd.
Panjebar Semangat No. 12 – 24 Maret 2012
Halaman 40



WAYANG (NG) LALI DHALANG

Aku wayang, kowe wayang, kabeh wayang
Aku, kowe, lan liyane
Wayang sing duwe pikir
Pikir sing cetha adoh yen disandhing pikire Dhalang

Aku, kowe, kabeh wayang
Wayang sing (kudune) manut lakone Dhalang
Aku, lan (mbok menawa) kowe, wayang sing wis metu saka kothak
Aku, kowe, wayang sing (ng) lali blencong, geber, lan Dhalang

(Ng) lali sapa Dhalange awake dhewe
(Ng) lali kepiye kudune ngrumati Dhalang
(Ng) lali yen Dhalang wis kerep murka
Ah, apa pancen aku lan (mbok menawa) kowe ki wayang
Sing (ng) lali Dhalang?

Ade Rizkia Mandiri
Blakasuta Edisi 3
Halaman 16



MAWAR

Esuk nyebar wangi ngambar-ambar
Mawar sing wingi mekar saiki ngebaki latar
Bun-bun ndhuwur godhong sumunar pindha inten mencorong

Ri-ri landhep ora tedhas ketiban anyep
Godhong-godhong ijo pulih seger royo-royo
Apa tembungku iki nyangking wangi
Ngilangi bacin sementug nyampegi ati

Apa budi landhep, karepku mantep dadi cuwa ing ati ora teteg?
Apa atiku inten mencorong
Mbabar gebyaring sukma tanpa blencong
Apa uripku tetep seger awet mudha dadi sumbar?
Yen mangkono aran begja
Tandha yen urip iki binerkahan Gusti

Nilam
Taman Gurit Hal. 20



SEKAR WUS SUMAWUR

Sekar wus sumawur
Sauruting lurung-lurung
Lan donga kaduwung
Ngumandang ing awang-awang
Rumesep ing gegodhongan
Ngrenggani wengi kang sampurna
Angin tumiyup, jenjem
Lan kumesar pucuk-pucuk cemara

Sekar wus sumawur
Ing dedalanan rumpil
Mblabar ing antaraning krikil
Sesandhungan
Ngiring sukma oncat raga

Sekar wus sumawur
Ing pucuking raga
Raga bakal sirna
Sukma nuju kaendahan agung
Mendhung gumantung ing tawang
Sumilak
Tan bisa munthes pengarep-arep
Ngluru pepadhang jati
Sekar wus sumawur
Ing akasa lan mega-mega
Nalika suku tumapak
Ing korining swarga

Handayani MW
Taman Gurit Hal. 30





KALA BENDU
Ngoceki wewadining jaman
Kang wus ilang kaprawira
Kang wus musna watak satriya
Ngrungkebi bangsa labuh negara

Para nayaka tindak culika
Tetungguling praja abudi candhala
Nguja hawa gawe cintraka
Kawula pepriman nandhang sengsara
Kapidak godhaning panguwasa

Kapan jaman lumintir?
Ngombe banyu tan rasa getir?
Nedha boga tan rasa pasir?
Urip datan pating saluwir?

Kawula pepriman anggadhang
Tekaning jaman kang ora gothang
Raharjaning urip kang dikekudang
Tumetesing embun saka ing tawang

Ing lemah bengkah nela
Nyiram cintraka ngaru-ara
Mberat tindak duraka
Kang nggonjak donyaning kawula

Harya Widad HS
Taman Gurit Hal. 31



RONDHA

Rondha
Nabuh kenthongan ing parondhan
Nrethek nugel dalan prapatan
Ngelingake bebrayan mring kawaspadan

Iki rak forum dhemokrasi
Kang gumelar ing tengah wengi
Bisa ngrasani
Tangga teparo pak rt pak rk pak lurah sagarwane
Bisa dadi konsepsi
Ngoreksi lan nggemateni koperasi
Ngedum rejeki kang murakabi

Mula
Mripatku aja nganttuk tekan esuk
Kuping nadyan kebunan tetep kaku lan njepiping
Cangkem kena ngrancang kanthi pakem
Iki amalan
Dudu omelan
Weteng aja klurup sandhing ngebuk
Iki dicepaki wedang kopi
Dening mbak puji

Endi paiman
Wis ben aja digugah lagi kelonan
Amarga kabeh prelu kasadharan

Jimpitane kok mung nyakmit
Ya ben jenenge bae jimpitan
Dudu jumputan cangkiran apa literan
Iki mung kanggo nyawur mripatmu
Ngithikithik arasarasanmu ayubayubenmu
Ngobahake boyokmu

Wose
Rondha
Mugamuga pangibadahmu jumbuh karo pakaryanmu
Filasafate
Cegah dhahar lawan guling
Selingane
Milangmiling kudu awas kudu eling

Sudi Yatmana
Gurit-Guritane Halaman 29



LET US GO (READ BY HEART: MOVE TO BORNEO)
          Aja suksukan ana ing Tanah Jawa
          Empetempetan muntel muwel ing Kutha Jakarta
          Akeh godhane resikone bebayane
          Aja takon maneh dosane
Sangsaya suwwe sarwatuna
Kasatan wiraga wirama lan wirasa
          Jakarta ngemut legining gula
          Nggajah elar kumawasa
          Bareng kebak sundukane
          Bayar bubar nglenthar sakabehkabehane
Ayo pindhah menyang Mborneyo
Yen perlu sanak bojo
Waton duwe katrampilan kabisan kawasisan onjo
          Aja padha golek gawean
          Ayo padha gawe gawean
          Mbukak alas nenandur lan dedagangan
          Wis ora jaman
Royokan rayahan obongobongan
Kabeh kang wekel ing pambudi
Iku jeneng wis wiwit dadi
Alonalon rejeki padha nututi
Nora wurung katentreman maripit marepegi
          Ayo awak dhewe anak putu
          Putune putumu putuku (Eugenia Chantikaning Wastu
          Angher Alvareza Irene Cittaning Laksmi Odniel
          Kirsten Mahadika Zulva Alya Luthfia Neza; kuwi
gambaraning jeneng bocah saiki, lan sapa maneh
sing padha antri, pabrik putu terus berproduksi)
didunungake ngreti misi dilungguhake duwe visi
ngulir ngulur ngular budi
anggambuh angakbarake pakarti
alantaran bebarengan sarta ing sajrone rohing
alam samesta iki
kabeh dadi mekar nyata bener becik tur migunani
Ayo nggarap njunjung Mborneyo
Gawe gawean kang onjo
Go global go go go
                                                                   Panggurit
                                                                   Where do you go
LET US GO TO BORNEO
[MARILAH KITA PINDAH KE KALIMANTAN]
AYO PINDHAH MENYANG MBORNEYO

Sudi Yatmana
Gurit-Guritane Halaman 53-54



LELIMBANGAN

Swarga iku apa
Naraka iku apa
Agamamu agamaku mung minangka rerenggan lelamis semu
Yen kabeh iki ora bisa jumbuh karo karsane kang winahyu
Sarta pangolah pangrekadayane manungsa kang aran panemu

Kayakaya wis ora bisa rumangsa
Anggone padha naliti priksa samubarang babagan
Adhedhasar landheping cipta
Banjur aber prentul urip tuwuhing rasa
Kaendhih cepak dumadaking karsa
Kauber target kagelak statistik
Kasurung programprogram pantaraning mangsa

Tumuli mantheng kenceng pindha anggepe mangsa
Nanging luput saka ing ciptane
Malah kadlarung kadulu wektune
Diayemayem dikendelkendel ditetegtetegake
Wusana lepya virus-virus stres wus warata sajroning jiwangga

Swarga iku apa
Naraka iku apa
Agamamu agamaku minangka rerasan bebandaning badan
Yen tumanggaping marang alam marang sakabehing kaanan
Oyakoyakan rebut dhucung ora imbang
Ngimbangi pangejawantahe anane kang dianakake lan kang nganakake

Swarga iku sarwa lega ing swargawarga
Ora mbedakake bangsa nagara lan agama
Naraka iku nerakneraka
Atinggal kang sarwa imbang
Mungguhing dumadi pangesthi wewadi lan misteri

Swarga iku apa
Naraka iku apa
Agamamu agamaku dadi pratandhaning jaman
Kabehkabeh hamung ngenut bawaning kahanan
Bebener dedalaning urip jejumbuhing kawilujengan

Sudi Yatmana
Gurit-Guritane Halaman 192-193



LHA YA WONG DURUNG NGRETI

Lha ya wong durung ngreti
Kaya watu dijaluki
Teguh timbul jaya sekti
Wit si kayu lan si watu
Dianggep duwe daya pangribawa
Bisa marakake seger waluya
Bisa ndadekake kuwat santosa

Jaman liya
Mangkono kuwi diarani gugon tuhon
Dhinamisme kang salah waton
Iya mung kanggo geguyon

Gandrik
Bareng jaman teknologi
Mangkono kuwi diselidhiki
Jebul pancen ana
Kaya watu kang mangkana
Jer duwe jat sarwa-sarwa

Nanging ya ora njur apa bae
Kabeh kayu kabeh watu dipadhakake

Lha ya wong durung ngreti
Wong mati dijaluki rejeki
Bojo ayu pendhok kuning lan promosi
Jer wong mati iku sampurna jati
Ora kurang kasenengan kabutuhan sandhang bukti

Jaman luwih modheren
Mangkono kuwi diarani donga kesasar
Animisme kang salah kamar
Dianggep cupet ing nalar
Nanging
Apa lakuning nalar mengkene iki singlar
Kayu watu iku rak ana kang nganakake
Mesthine iya banjur ana anane kang dianakake
Lha ya pancen karsane
Ora ana kang mlese
Ora ana kabeh mokale

Wong mati iku nyawane rak bali
Marang asal kamulane kamulyane
Asaling asal kang ngasali kabehing asal
Mulaning mula kang mulani kabehing mula
Mulyaning mulya kang mulyani sakabehing kamulyan
Kang sarwa ora mokal kang sarwa ora ewuh aya

Apa jaman saiki wis dadi
Wis luwih trep karo kang wingi-wingi
Apa anggone padha ngibadah wis prenah
Dunung karo dununging panembah

Apa awake dhewe iki
Dudu dhinamisme animisme modheren
Ing dina liya
Ing alam kana
Sapa ngreti
Lha yo wong durung ngreti
Lha yo wong ora ngreti
Lha ya wong ora bakal ngreti

Sudi Yatmana
Geguritan Alam Sawegung
Halaman 6-7



NGGANDHUL GARIS

Aku mangan basa jawa
Lawuh inddonesiya lan inggris
Kadhang kala landa sansekerta arab lan cina
Lalapane basa dhaerah liyane
Sambele basabasa manca

Ajang manekawarna
Bathok piring mangkok godhong jati
Terkadhang pincuk godhong gedhang
Telep-telep muluk
Ngombene banyu kendhi
Nanging iya ora nampik soklat susu teh utawa kopi

Ora mung mangan ngombe
Dalasan makarya srawung aso sembahyang turu apadene
Daklakoni sarana sasmita adi
Ngiras karo ngenteni tumuruning wahyu sejati

Iki tataning lair dene tataning batin
Tumuju marang pangolahing
Pribadi
Kulawarga
Bangsa sesama

Tundhone tang wurunga Panjenengane

Aku mangan basa
Ajang manekawarna
Bareng wong sadonya
Ngombeku banyu kendhi banyu wahyu banyu misteri
Jer kabeh rejeki pakaryan lan apa bae kang daklakoni
Dakalami
Nggandhul garis
Jedhul joge ngener pener jumbuh jatine

Sudi Yatmana
Geguritan Alam Sawegung
Halaman 107-108 




EDAN

Iki negara apa
Kok kaya kraton durjana
Begal kecu maling rampog
Padha ngleter
Jogedan tengah rattan
Sapa sira sapa ingsun
Dumeh kinasih ing sinuwun

Harata ya...
Kok olehe padha tega
Emaneman
Tinggalane pahlawan
Kok amung kanggo dlajigan
Ah... yap antes
Karang biyen durung keduman
Pancen KRANJINGAN!!!

Rini Tri Puspohardini
Kidung saka Bandungan
Halaman 47



SIMFONI GUNUNG SEMERU

Mumpung angin wengi durung rampung ngelus kayu-kayu
Guritan alam isih kaukir ing lembaran-lembaran watu
Nembanga para ahli katentreman. Nglipur mutiara
Bun lan wengi mawar sing ngambar ing antariksa

Semburat abang ing bang wetan kae
Lan kumricik banyu kali ing saselane watu-watu
Ora liya mukjizat tumrap tatu-tatu sejarah
Tumrap tetuwuhan lan makuthane tanah mlerah
Iku pangurbanan marang eluh sing tumetes
Nggetuni sepira jerune tapak-tapak sing nabet ing bumi
Sing nuwuhake hawa panas tumrap bayi-bayi

Pirengna timbalan Pertiwi
Sapa sing kajibah ngentas gosonge mlathi
Sapa sing wajib nglipur tangise nurani
Nalika lakune temanten wis tanpa pangiring
Uga klasa sing biyen ginelar ing tengah latar
Mung kari dadi seksi atas dongeng sing nate tansah binabar

Lumut-lumut wis alum saiki
Banyu kali angganda bacin
Alas liwung bosah-basih katrajang kuku angkara
Gunung-gunung bitha-bithu
Jember taman kutha lan lurung pakampungan
(Sauntara prostitusi dadi lambang modhernisasi
Rerentengan lawan sogok, korupsi, lan manipulasi!)

Iki simfoni gunung Semeru
Tangise bocah bayi kasatan banyu susu
Biyung mlayu ninggal glanggang karang padesan
Ngoyak gebyar konang-konang metropolitan
Bilahi! Bilahi! Tanah warisan Ibu pertiwi
Entek jinarah petani menganggo dhasi
Garu-wluku kontal ketriwal
Gubug ing kebon jagung gosong binakar

Kembang desa kedhampar ing lokalisasi
Esem palsu, dedagangan gincu lan pupu
Ati nangis nanging kudu ngguyu
Abot-abote wis keblusuk ing kedhung watu

Biyung, endi anakmu lanang sing biyen sumpah
Mundhi manah ngukup lendut lan banyu sawah?
Sepira gedhene tekad, nlusur garis sangisore mega
Sesuluh jantra sinaput gambar mlathi ing ndhuwur tilamsari
Cahyane alum tinojeh landhepe mingis glathi

Marang edelweys lan cemara pagunungan
Marang lamuran lan ganda wangi blethok pasawahan
Bocah-bocah lugu masrahake guyu lan tangise
Ing kene bocah-bocah alam pepayingan
Golek kalangan jembar kanggo dolanan lan jejogedan
Kanggo gobak sodor, benthik, jithungan, lan jamuran
(Awit dheweke ora tepung video-game lan karaoke
Ora kenal bowling, bilyard, lan golf
Ora ngerti arak, brendhi, lan wiski)

O, alam sing sangsaya tuwa
Pungkasane ala-becik amung sumangga!

Turiyo Ragilputra
Bledheg Segara Kidul
Halaman 49-50




SARONCE KEMBANG TELASIH (IN MEMORIAN ANJRAH LELANA BRATA)
Wis tekan titiwancine sliramu nyelehake sesanggan
Urip ing dina-dina kebak lelana
Greget ati ngranggeh asmarane widadari
Gegandheng asta ngubengi taman ciptane pujangga
Guritan lon-lonan nglukis cahyane purnamasidhi

Mitra, ora prelu sliramu tumoleh memburi
Wis ora ana pawadan kanggo mingkuh saka maknane kidung
Sing biyen linaras dening kumricike banyu kali
Lan kembang-kembang jati ing puthuk gegayuhan
Tampanana jawat asta iku, jawat asta iku
Binareng gendhing pangrungrume jagad biru
Kathi ati tinarbuka marang sakehing pangalembana
Panyakrabawa apadene saklimah tembung cecamah
Jer kabeh bakal ngliwati tlundhakan kaca
Sadurunge bisa maca lungide weca tengara

Saka gegana sliramu bakal uninga
Kekembangan sing ko-tandur trubus ngebaki jagad
Gandane tumuli nggenteni esemmu
Sing dumadakan manjilma grimis
Anjrah saambane laladan taman wangi
Banjur macipta kudhup jingga makutha-seta
Sadawane dalan pinaes slendhang-slendhang sutra
Kawuryan riris rarasing kalbu
Sugeng tindak, mitraku. Sugeng tindak
Wus mungkur sunaring bakaskara
Kairing tetes titising waspa

Turiyo Ragilputra
Bledheg Segara Kidul
Halaman 96-97


WAYAH PENSIYUN

Gusti
Aku wis wayahe pensiyun
Kaya dene wong-wong kae
Aku uga duwe was sumelang
Post power sindrome

Awakku wis katon lemu
Dakobrala ora bakal payu
Mangka mung kuwi kang dakduweni
Kejaba pengalaman liya
Sing kangelan olehku crita

Gusti
Aku wis wayahe pensiyun
Pegawean apa kang bisa daktindakake?
: melu dhemo ditutupe lokalisasi
  Ngadegake kursus cara saresmi
  Utawa dheleg-dheleg ngenteni mati?

Gusti
Aku wis wayahe pensiyun
Pensiyun kang kinurmat
Kinurmat ing donyaku
Mesthi dudu ukuran sabenere
Apa ana kang luwih kajen ing donyane lonthe
Kejaba ngesuhi wedokan sing isih sore?

Gusti,
Aku wis wayahe pensiyun
Aku mung kepengin nglintirake apa kang dak ngerteni
Nglairake apa sing dakpengini

Apike kantor-kantor pemerentah
Dicepaki wadon ayu, pinter pijet lan karaoke
Supaya para pejabat sing gedhe nggagase
Ora ngrayah sekretarise
Sawise kesel dhiskusi
Banjur ana sing mijeti
Nalika tenggang-tenggong ora bisa omong
Ana papan kanggo ngerong

Gusti, pepenginanku banget prasaja
Ora ngayawara
Nyepakake papan sing banget dibutuhake
Awit ya wong-wong ing kantor mau
Sing sregep nguleng-nguleng aku
Tinimbang padha slinthutan nyolong wektu
Becik dijor apa karepe
Sakesele,
Nganti kebak sundukane

Gusti
Aku wis wayahe pensiyun
Lilanana ngentekake sisa urip
Ing dalan kanisthan
Dalan kang saben dina dakliwati
Dalan kang mantep dakniyati
(dadi germa kang langganane para panggawa)

Rini Tri Puspo Hardini
Sundel Bolong Njero Senthong
2012: 5




SUNDEL BOLONG NJERO SENTHONG

Kepriye olehku wani mlebu
Yen njero senthong
Wis ketunggon sundel bolong
Rasane miris najan ta sadrema nyapu
Utawa mbukaki jendhela

Gendruwo, wewe, lan peri
Jejogedan ing kasur, bantal,
Guling, rak, meja, lan kursi
Bacine nduleg irung ngeneg-enegi
Tumempel ing papan-papan paling nylempit
Kalebu ing sak kathok kolormu
Ngoyod, thukul dadi wadun lan koreng
Saemper buta nggegirisi
Ngisis siyung gudras getih
Sawise marem ngrikiti dagingmu

Kepriye olehku wani turu
Yen rasane para lelembut
Ngancap pati saka ngisor, ndhuwur
Ngarep lan mburi
Rebut dhucung dhisik-dhisikan
Golek lenaku

Rini Tri Puspo Hardini
Sundel Bolong Njero Senthong
2012: 51




YEN ANA DEWA NGANGLANG JAGAD


Tulung ampiranaDaksilihe bokor kencana
Dakturun tetulak isine

Kareben kecukupan sandhang pangan
Tanpa kangelan

Abot-abote laku
Melek bengi, sabar, sareh
Narima pandum
Sapa kuwawa?

Sadurunge para dewa nganglang jagad
Nyebar jimat
Tulung ampirna
Aku dudu manungsa pethingan
Ora pantes njaluk pitung turunan
Aku mung butuh samadya
Cukup kanggo kulawarga

Rini Tri Puspo Hardini
Sundel Bolong Njero Senthong

2006/2012: 75

Tidak ada komentar:

Posting Komentar