Bu Santi :
“Bu, Ki Sura menika sinten, nggih?”
Bu
Dewi : “Ki Sura menika
bapakipun Jaka Supena. Dalemipun ing RT 2, panggaotanipun dados tani. Kala
rumiyin Ki Sura menika trahipun priyantun sugih, ananging samenika gesangipun rekaos,
mila banjur manggen wonten ing dhusun.”
Bu
Santi : “Oalah. Kala wingi kula
mireng Ki Sura karawuhan tamu tiyang mbarang kentrung pikulan. Pengrawitipun
sekawan, sindhenipun setunggal, saha teledhekipun setunggal. Rombongan kentrung
wau dipunpandhegani Ki Jasana.”
Bu
Dewi : “Nggih, Bu. Pranyata Ki Sura kaliyan Ki Jasana taksih
sedherek nunggal embah. Sejatosipun Ki Jasana menika satunggaling Wedana ing
tanah Lampung. Dugi ing tanah Jawi
menika saperlu ngupadi putranipun.”
Bu Santi :
“Putranipun Ki Jasana wonten tanah Jawi ta, Bu?”
Bu
Dewi : “Putranipun kabekta dening
brandhal Sanusi, Bu. Tindakipun sampun satunggal wulan dereng pikantuk
pawarta.”
Bu Santi :
“Mugi-mugi enggal kapanggihan nggih, Bu.”
Bu
Dewi : “Aamiin. Samenika Jaka
Supena dipunboyong dhateng Lampung saperlu badhe didhawuhi magang dados
punggawa ing mrika.”
Bu
Santi : “Jaka Supena menika
kirang langkung taksih gangsal welas taun ta, Bu?”
Bu
Dewi : “Nggih, Bu. Jaka Supena
menika lare pinter saha jujur, nggih limrah menawi gesangipun mulya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar