Kamis, 26 Juni 2014

Rantaman Adicara Arisan PKK

Assalamu’alaikum wr. wb.
           Katentreman, kawilujengan, kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi.
Nuwun.
Panjenenganipun Ibu Surani, Ibu RT 23 Dusun Jito ingkang dhahat sinudarsana.
Ibu-ibu PKK ingkang winantu ing kamulyan.
            Pinurwakan kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT  Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampunparing pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentreman. Katitik ing wedal punika, kula panjenengan sadaya saget makempal ing ngriki, kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
            Nuwun sagyaning para ibu-ibu PKK ingkang winantu ing kamulyan. Keparenga kula cumanthaka, marak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya, awit ngemban dhawuh saking Ibu Surani, kinen nglantaraken rantaman adicara sarasehan ing dalu punika:
Sepisan                        : Pambuka
Kaping kalih              : Nembang Indonesia Raya dipunlajengaken nembang mars PKK ingkang dipunpimpin Ibu Parsi.
Kaping tiganipun          : Atur pambagyaharja saking pangarsa ibu RT, nun inggih Ibu Mulyani.
Kaping sakawan           : Pangempalan arta arisan saha arta tabungan ingkang dipunpimpin Ibu Narmi.
Kaping gangsal             : Pawarta ngengingi “Kawarasan Kaluwarga” dening Ibu Surani.
Kaping nem                  : Tanya winangsulan.
Kaping pitu                   : Donga utawi hastungkara dening Ibu H. Katiyo.
Kaping wolu                 : Panutupan
            Ibu-ibu PKK sedaya ingkang winantu ing pakurmatan. Mekaten rantaman adicara Arisan PKK ing siyang punika. Wasana sakderengipun acara punika kawiwitan, mangga sareng-sareng maos Basmallah langkung rumiyin : Bismillah hirohman nirohim.

Ibu-ibu PKK ingkang kinabekten, menggah titilaksana adicara selajengipun nun inggih : nembang Indonesia Raya dipunlajengaken nembang mars PKK. Katur panjenengan Ibu Parsi, kula sumanggakaken, nuwun.

Rencana Pelaksanaan Pembelajaran

Nama Sekolah                         : SMA/MAN ...
Mata Pelajaran                        : Bahasa Jawa
Kelas / Semester                      : X / 1
Alokasi Waktu                        : 2 x 45 menit
Standar Kompetensi                 : BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar                   : Berdialog mengenai cerita rakyat.
Indikator                                 :
1. Mampu berdialog sesuai unggah-ungguh.
2. Mampu berdialog dengan ekspresi yang tepat.
3. Mampu berdialog dengan intonasi yang tepat.
4. Mampu berdialog dengan lancar.
Tujuan Pembelajaran               :
1. Siswa dapat berdialog sesuai unggah-ungguh.
2. Siswa dapat berdialog dengan ekspresi yang tepat.
3.Siswa dapat berdialog dengan intonasi yang tepat.
4. Siswa dapat berdialog dengan lancar.
Materi Pembelajaran   :
Ø    Dialog
Ø    Cerita rakyat
Sumber                        :
Ø    Buku teks: Padha Bisa Basa Jawa 10
Ø    Pengalaman siswa tentang cerita rakyat
Langkah-Langkah                   :
No.
Kegiatan
Waktu
Nilai Karakter

1.










2.








3.









4.



5.


6.

7.





8.







9.


10.


11.






12.







13.


Kegiatan awal:
Siswa memberikan salam kepada guru.
Contoh: “Sugeng siyang, Pak/Bu guru.”
Jika jam pertama, maka ketua kelas mengajak guru dan siswa lainnya untuk berdoa.
Contoh: “Saderengipun pelajaran dipunwiwiti, sumangga dedonga miturut kapitayan sowang-sowang....
Guru bertanya pengalaman siswa  tentang dialog dan cerita rakyat.
Contoh: “Mas, Mbak, sinten ingkang mangertos babagan pacelathon utawi cariyos rakyat?”
“Nalikanipun kelas pinten?”
“Inggih, tasih kemutan?”
Siswa membantu guru menyiapkan media yang akan digunakan ketika guru menyampaikan tujuan pembelajaran pada hari tersebut.
Contoh: “Mas, Mbak, ancasipun pembelajaran dinten punika, babagan pacelathon saha cariyos rakyat....”

Kegiatan inti:
Salah satu siswa bercerita tentang sebuah cerita rakyat.
Contoh: “Cobi, Mbak Tia, kanca-kanca dipuncariyosi ngengingi....”
Siswa bersama guru mendiskusikan cerita rakyat yang baru saja didengarkan.
Siswa membentuk menjadi lima kelompok.
Setiap siswa berdialog didalam kelompoknya mengenai cerita rakyat yang diketahuinya.



Setiap kelompok menentukan satu cerita rakyat untuk dipresentasikan di depan kelas. Kelompok yang maju terlebih dahulu mendapatkan poin tambahan. Sedangkan kelompok yang tidak maju menanggapi kelompok yang sedang presentasi.
Kegiatan penutup:
Siswa mendapatkan penguatan jika tepat dan mendapat koreksi jika salah dari guru.
Siswa bertanya kepada guru mengenai materi yang kurang dimengerti.
Siswa bersama guru menyimpulkan pembelajaran pada hari ini.
Contoh: “Nggih, punika ngengingi cariyos rakyat. Supados lancar micara, kedah kathah-kathah maos saha gladhen micara, nggih!.”
Ketua kelas memimpin doa untuk menutup pelajaran pada hari itu, jika pada jam terakhir.
Contoh: “Para kanca, saderengipun mantuk sumangga dedonga miturut kapitayan sowang-sowang. Dedonga kawiwitan....”
Siswa memberi salam penutup kepada guru.
Contoh: Matur nuwun, Pak/Bu Guru. Sugeng kapanggihan malih.
10 menit





























65 menit






















15 menit



















Bersahabat/komunikatif.


Religius dan toleransi.






Jujur, rasa ingin tahu, semangat, dan menghargai prestasi.






Kreatif, mandiri, dan peduli sosial.








Rasa ingin tahu, semangat, dan menghargai prestasi.

Rasa ingin tahu, semangat, dan bersahabat.
Bersahabat/komunikatif dan mandiri.
Toleransi, kerja keras, semangat, kreatif, mandiri, rasa ingin tahu, menghargai prestasi, demokratis dan bersahabat/komunikatif.
Toleransi, kreatif, semangat, menghargai prestasi, demokratis, bersahabat/komunikatif, dan tanggung jawab.



Semangat


Jujur danrasa ingin tahu


Semangat dan tanggung jawab.



Religius dan toleransi.







Disiplin dan bersahabat/komunikatif





Metode Pembelajaran :
Ø    Ceramah
Ø    Tanya jawab
Ø    Student active learning
Ø    Cooperative learning
Media  Pembelajaran   :
Ø    LCD
Ø    Laptop
Ø    Papan Tulis
Ø    Spidol
Ø    Penghapus
Ø    Kertas

Penilaian          :
            Teknik                         : Praktik
            Kriteria penilaian         :
No.
Instrumen
Kelompok
Keterangan
1
2
3
4
5
1.
Unggah-ungguh






2.
Ekspresi






3.
Intonasi






4.
Kelancaran berbicara






Jumlah Skor







Skor setiap instrumen  : 1-5
            Skor maksimal            : 20
Nilai akhir                   :  x 100
Catatan Guru              :
..................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

Mengetahui,                                                                Karanganyar Mei 2014
Kepala Sekolah                                                           Guru Mata Pelajaran



H. Sunarto, M.Pd.                                                       Sri Rahayu, S.Pd.
NIP:                                                                            NIP:


Materi Pacelhaton
Dhialog yaiku kegiyatan pacelathon utawa guneman antarane wong siji lan liyane. Kang perlu dimangerteni nalika pacelathon yaiku:
1.      Dhialog kuwi kudu nggatekake unggah-ungguhe basa lan subasita. Menawa siji lan sijine padha ngajeni mahanani karukunan, satemah santosaning urip bebrayan.
2.      Anggone micara kudu nganggo ekspresi kang lumrah lan trep.
3.      Pendelengan aja tekan ngendi-endi, nanging ndeleng kang diajak guneman, kuwi ateges ngurmati kang diajak guneman.
4.      Lesan utawa pakecapane sing bener lan cetha, supaya kang diajak guneman bisa ngrungokake lan mudheng.
5.      Gerak-gerik anggone guneman sing lumrah wae.
6.      Migatekake ancasing pacelathon.

Tuladha pacelathon
            Alya    : “Bi, kowe pernah ngrungokne crita rakyat?”
            Abi      : “Pernah, tapi jaman aku SMP kelas 8.”
Alya      : “Wah, aku malah durung pernah. Banjur kuwi crita tentang apa?”
Abi        : “Akeh, Al, nanging sing paling tak senengi tentang Rawa Pening.”
            Alya    : “Lha kuwi critane piye? Tulung, aku dicritani!”
            Abi      : “O, iya. Kaya mangkene critane....”

Materi Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku sawijining satra lisan kang run-temurun. Crita rakyat kabangun saka pirang-pirang bab, antarane:
1.      Undheran (Tema)
Sawise guneman ngenani crita rakyat, bisa dimangerteni mungguh underaning rembug. Crita kasebut gepok senggol karo babagan apa.
2.      Paraga lan watake
Paraga kena kajlentrehake mungguh sapa wae kang kacaritakake ing sandiwara kasebut. Ana paraga kang dadi tuk-sumbering lakon utawa paragatama (protagonis), ana paraga kang ngembari utawa cengkah klawan paragatama (antagonis), lan ana paraga-paraga kang nyengkuyung paraga sakloron (tritagonis).
3.      Latar (Setting)
Latar kang dikarepake yaiku kapan lan ana ing ngendi crita mau kedadean. Kanthi mangkono ana latar wektu lan ana latar papan panggonan. Latar wektu ngandhakake kapan dumadining lelakon mau, dene latar papan panggonan ngandhakake ana ing endi kedadeane.
4.      Plot (Alur)
Plot nerangake mungguh kepriye lakuning crita. Critane dlujur wae, mbalik, menggak-menggok, utawa maju-mundur.
5.      Amanat (Piwulang Luhur)
Amanat yaiku piwulang-piwulang kang kajupuk saka critane. Yen kagarba nganggo katerangan liya, amanat iku nuduhake mungguh apa sajatine kang bakal kakandhakake. Piwulang-piwulang mau bakal ketemu sawise njilmeti kridhaning paraga-paraga ing sajroning crita.
           
Tuladha crita rakyat
Rawa Pening
Nalika jaman semana, ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa ing saben taun, yaiku nganakake slametan supaya wong ing desa kono padha slamet. Kanggo memetri iku kudu ana syarate, yaiku daging kewan. Wong-wong ing Desa Banarawa padha menyang alas arep nggolek daging kewan. Aneh, wis meh sedina muput wong-wong mau durung oleh kewan siji-sijia. Ki Juru Mathokan, lurahe Desa Banarawa ngajak wong-wong padha leren dhisik.
            Wong-wong kuwi mau banjur padha ngaso. Sajerone ngaso kuwi ana wong sing lungguh ana dhuwure wit kang ambruk. Gamane arupa peso kang ditancepake ana wit kang dilungguhi. Wong mau kaget banget amarga saka wit kang ditancepi peso, metu banyune abang. Dheweke bengok-bengok. Kanca-kanca padha krungu, nuli nyedhaki. Wong-wong mau kepengin weruh asale banyu abang mau. Jebul banyu abang iku getih ula. Ula banjur dipateni, daginge digawa mulih. Daging ula kuwi mau kanggo syarate memetri desa.
            Nalika kuwi, ana bocah bajang. Bocah bajang mau sejatine membane ula, yaiku Ula Baru Klinthing. Weruh yen daginge ula uwis mateng, bocang bajang arani omahe Ki Juru Mathokan.
            “Kula nuwun”, pitakone bocah bajang.
            “Mangga, sapa kowe?”, jawabe Ki Juru Mathokan.
            “Kula Baru Klinthing. Kula badhe nyuwun daging sawer!” kandhane bocah bajang.
            “Kowe ora melu rekasa, arep jaluk daging? Sing rekasa wae durung ngrasakake. Kana lunga!” jawabe Ki Juru Mathokan.
            Si bajang tekan omahe mbok randha. Mbok randha iku uripe rekasa. Sanajan mangkono, nanging luhur budine. Dheweke seneng tetulung marang sapa wae. Mula tekane si bajang ditampa kanthi becik. Bocah bajang mau diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan, bocah bajang mau pamitan marang mbok randha.
            “Mbok, saestu kula nyuwun pamit. Kula gadhah weling sekedhik. Mangke badhe wonten bena bandhang. Mila simbok kedah nyawisaken lesung. Mangke simbok nitih lesung, nggih? Mugi tansah manggih wilujeng.” pesene Baru Klinthing.
            Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan. Ing kana dheweke nganakake sayembara, nancepake sada lanang ing latar. Baru Klinthing banjur nantang bocah-bocah ing kana. Bocah-bocah padha nyoba mbedol, nanging ora ana sing kuwat. Ki Juru Mathokan iya melu nyoba mbedol sada lanang. Sada lanang tetep ora bisa dibedol.
            Gandheng ora ana sing kuwat, Baru Klinthing mbedol sada lanang mau. Sada lanang klakon dibedhol. Sanalika tilas tancebane sada lanang mau metu banyune. Banyu kang saya gedhe dadekake banjir bandhang. Wong-wong ing Banarawa padha mati klelep, kajaba mbok randha kang kelingan pesene Baru Klinthing.
                Banarawa dadi rawa kang aran Rawa Pening, dununge ana ing Amba