Kamis, 26 Juni 2014

Rantaman Adicara Arisan PKK

Assalamu’alaikum wr. wb.
           Katentreman, kawilujengan, kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi.
Nuwun.
Panjenenganipun Ibu Surani, Ibu RT 23 Dusun Jito ingkang dhahat sinudarsana.
Ibu-ibu PKK ingkang winantu ing kamulyan.
            Pinurwakan kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT  Ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampunparing pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentreman. Katitik ing wedal punika, kula panjenengan sadaya saget makempal ing ngriki, kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
            Nuwun sagyaning para ibu-ibu PKK ingkang winantu ing kamulyan. Keparenga kula cumanthaka, marak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya, awit ngemban dhawuh saking Ibu Surani, kinen nglantaraken rantaman adicara sarasehan ing dalu punika:
Sepisan                        : Pambuka
Kaping kalih              : Nembang Indonesia Raya dipunlajengaken nembang mars PKK ingkang dipunpimpin Ibu Parsi.
Kaping tiganipun          : Atur pambagyaharja saking pangarsa ibu RT, nun inggih Ibu Mulyani.
Kaping sakawan           : Pangempalan arta arisan saha arta tabungan ingkang dipunpimpin Ibu Narmi.
Kaping gangsal             : Pawarta ngengingi “Kawarasan Kaluwarga” dening Ibu Surani.
Kaping nem                  : Tanya winangsulan.
Kaping pitu                   : Donga utawi hastungkara dening Ibu H. Katiyo.
Kaping wolu                 : Panutupan
            Ibu-ibu PKK sedaya ingkang winantu ing pakurmatan. Mekaten rantaman adicara Arisan PKK ing siyang punika. Wasana sakderengipun acara punika kawiwitan, mangga sareng-sareng maos Basmallah langkung rumiyin : Bismillah hirohman nirohim.

Ibu-ibu PKK ingkang kinabekten, menggah titilaksana adicara selajengipun nun inggih : nembang Indonesia Raya dipunlajengaken nembang mars PKK. Katur panjenengan Ibu Parsi, kula sumanggakaken, nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar