Kamis, 26 Juni 2014

Gladhen Ngetung Wektu

NGETUNG WEKTU
Ing ngisor iki ana cerita pagaweanku saben dinane kang wektune beda-beda. Coba itungen saben-saben pagaweanku!
CERITA 1
Pagaweanku ing wayah esuk diwiwiti jam 04.10
1.      10 menit maneh aku sholat subuh.
2.      10 menit sawise sholat subuh aku banjur adus.
3.      55 menit sawise adus aku sarapan.
4.      35 menit sadurunge sarapan, aku dandan.
5.      40 menit sawise sarapan aku budhal menyang kampus.
CERITA 2
Pagaweanku ing wayah bengi diwiwiti jam 18.00
6.      30 menit maneh aku mangan.
7.      20 menit sadurunge mangan, aku sholat maghrib.
8.      35 menit sawise sholat maghrib aku banjur sinau.
9.      Aku mapan turu 240 menit sawise sinau.
10.  Nanging sadurunge aku turu, aku nonton tv 180 menit.

NGETUNG DHUWIT
Ing ngisor iki ana cerita ngenani dhuwitku. Coba itungen dhuwitku saben-saben digunakake!
CERITA 3
Ngenani duwitku wektu arep menyang fotokopian, aku nggawa dhuwit Rp 15.000,00.
11.  Wektu jam 8 esuk aku bayar fotokopian Rp. 2.400,00.
12.  Sawise bayar fotokopian aku diwenehi duit ana ndalan Rp. 3.500,00.
13.  Sawise iku aku banjur bali lan weruh buku apik kang regane Rp. 5.600,00. Banjur buku mau tak tuku.
14.  Turahan duit mau tak tukoke buku 3 sing regane Rp. 10.500,00.
15.  Nanging wektu aku tuku buku aku dewenehi potongan 20%.
CERITA 4
Ngenani dhuwitku wektu arep mulih saka kos menyang ngomah, yaiku Rp 50.000,00
16.  Sadurunge aku menyang terminal aku kudu ngangkot kang bayare Rp. 4.000,00.
17.  Wektu tekan terminal aku numpak bis, banjur aku mbayar Rp. 25.000,00.
18.  Amarga aku luwe, neng jero bis aku tuku roti 3 kang regane Rp. 6.600,00.
19.  Banjur aku tuku wedhang kang regane Rp. 2.500,00 karo tisu kang regane Rp. 1.500,00.
20.  Wektu aku mudhun saka bis, dhuwitku ilang Rp. 5.000,00.

NGETUNG TANGGAL
Ing ngisor iki ana cerita pagaweanku ing sawijining sasi. Coba itungen saben tanggal pagawean kang tak lakoni!
CERITA 5
Ngenani pagaweankuku ing wulan Maret, diwiwiti dina iki kang tanggal 9 September.
21.  Sesuk aku lunga ngelesi muridku.
22.  Limang dina sadurunge ngelesi, aku uwis duwe materi kanggo ngelesi.
23.  Telung dina sawise duwe materi, aku diwenehi gaji.
24.  Aku kondangan sedina sawise diwenehi gaji.           
25.  Sepasar sawise kondhangan, aku diwenehi gaji maneh.
CERITA 6
Ngenani pagaweanku ing wulan Juni, diwiwiti tanggal 13 januari.
26.  Seminggu maneh aku masak kanggo pengajian.
27.  Rong dina sadurunge aku masak aku tuku bumbu kanggo masak.
28.  Telung dina sadurunge masak aku tuku pitik.
29.  Rong dina sawise tuku pitik, aku nyembeleh pitik.

30.  Patang dina sadurunge masak, aku diwenehi dhuwit Rp.200.000,00.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar