Selasa, 01 Juli 2014

Pacelathon

Pacelathon kang Migunakake Unggah-Ungguh Basa lan Wangsalan

Sari           : “Kula nuwun, Bu Eka.”
Bu Eka      : “Oalah, gendhuk Sari. Ayo, mlebu rene, Ndhuk .”
Sari           : “Nggih, Bu. Matur nuwun.”
Bu Eka      : “Njanur gunung, kadingaren esuk-esuk rene kuwi ana apa ta, Ndhuk?”
Sari         : “Mekaten, Bu, kula wau didhawuhi ibu supados panjenengan kersa tindhak griya kula saperlu mbiyantu damel pasuguhan kangge adicara mangke dalu.”
Bu Eka      : “Acara aqiqahan, ya? Lha, ibu-ibu liyane apa iya uwis padha teka, Ndhuk?”
Sari            : “Nggih, leres, Bu. Samenika ingkang sampun rawuh nembe tiyang kalih, Bu.”
Bu Eka    : “O, ya uwis yen mangkono. Ibu arep siap-siap dhisik. Matura ibumu yen aku bakal tekan setengah jam engkas”
Sari             : “Nggih, Bu. Matur nuwun.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar