Selasa, 01 Juli 2014

Sinopsis Novel Sawise Langit Katon Biru

Identitas Buku            :
            Judul                           : Sawise Langit Katon Biru
            Panganggit                  : Yunani (Sri Wahyuni)
Panerbit             : Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ) makarya bareng Azzagrafika, Yogyakarta.
Taun Terbit                 : 2013
            Jumlah Halaman          : viii + 100 halaman
            Kandel Buku               : 14.5 x 21 cm
            ISBN                          : (13) 978-602-777-711-8

Rok Mingkap Slingkuh Teka

Wong lanang endi sing kuwat ana wong wadon ayu tanpa cacad nglimpruk ing pangkone ing papan kang sepi?  Pangrangkule Hendratmo gawe Retno meneng tanpa suwala ngrasakake rasa kang durung nate dirasakake selawase urip. Kedadean mangkono mau nalika Retno lan Hendratmo ana ing kebun apel buri omah. Tanpa disengaja Retno ambruk ing pangkon Hendratmo kanthi rok mingkap.
Piwulang agama Rama Robertus marang Retno ora teteg ing ati nalika Retno uwis isa weruh katresnan. Retno tegel ngrusak pager ayune mbakyune dhewe. Kang mengkono ora pantes katindakake dening wong sing ngerti aturan lan kasusilan. Retno dhewe ora ngerti geneya saben ketemu Hendratmo dheweke ora kuwawa nulak apa sing ditindakake kangmase ipe kuwi marang dheweke lan tansah ngapura sanadyan Hendratmo tumindak kang ora bener.
***
Kerepe Retno lan Hendratmo ketemu saka perlune mriksa kahanane Retno nganti sarampunge operasi mata sarta lunga-lunga bebarengan agawe nambah tresna siji marang sijine. Retno iku wuta nalika umur wolong taun amarga kecelakaan. Bareng ana kabar ana dhonor mata kanggo Retno, bungahe Retno lan kaluwarga. Wong kang dadi dhonor mata kanggo Retno mau wong wadon sebarakane kang luwih enom sithik, lara jantung kang wis nemen bangete.
Bocah kang dhonorke matane kanggo Retno wis tinggal donya. Gage-gage Retno digawa menyang ruangan operasi. Tanpa lali, Retno sembahyang kanggo keslametane. Seminggu bubar operasi, perban anyak diuculi. Ing sajroning ati Retno kapengin meruhi Hendratmo dhisik dhewe. Nanging ora.
***
Retno kaget weruh rupane mas ipene sing bagus banget, luwih bagus tinimbang sing digambarake ana angen-angen. Nalika mbake meruhi Retno kang wis bisa namatake maneh, Endah menehi kadho Retno kang arupa kosmetik. Endah kapengin adhine anyak ajar dandan.
Nambah kagete Retno nalika nyawang ing pangilon. Apa kang diomongne mbake lan mas ipene bener. Retno nggumun meruhi rupane kang ayu banget. Saya nambah ayune Retno nalika nganggo wedhak saka mbakyune.
***
Ing sawijining dina nalika Retno mara omahe mbakyune, amung ana Retno lan Hendratmo. Wong sakloron mau pepasihan. Kagete Endah ndeleng bojone lagi ngumbar nepsu karo adhine dhewe. Gelem aweh pangurbanan gedhe kanggo Retno supaya bisa weruh maneh nanging mangkono piwalese.
            Weruh panganceme mbakyune kang ora bakal ngakoni adhi maneh, Retno banjur bali menyang omahe eyange ing Batu kanthi mindhik-mindhik. Nalika wis tekan Batu, Retno banjur menyang greja kang ora adoh saka omah eyange saperlu ngaku dosa. Ing kana Retno nampa pitutur lan piwulang saka Rama Robertus. Kanthi teteg kang kuwat, Retno bakal masrahake uripe ing ngarsa-Nipun Gusti. Dadi Biarawati.

            Bingunge kaluwarga krungu karepe Retno dadi non. Kanthi ngarih-arih Endah, ibu lan eyange njaluk Endah ngapura dosane adhine supaya ora dadi non. Nanging wis kebacut. Retno lunga menyang Jogja ngabdi marang Gusti. Tanpa pamit kaluwarga, Retno amung ninggal layang kanggo eyange lan mbakyune. Kang dipamiti amung Rama Robertus lan Hendratmo. Nalika pamitan Hendratmo, dheweke dirayu supaya gelem urip bebarengan ninggal kaluwargane dhewe-dhewe. Tekade Retno wis mantep. Retno njaluk Hendratmo nglalekake apa kang wis kedadeyan banjur ninggal Hendratmo. Kanthi teteg kang kuwat lunga menyang Jogja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar