Selasa, 01 Juli 2014

Teks Rekaman Mendengarkan Pambagyaharja untuk Kelas XII


            Para siswa, dinten punika badhe sinau babagan pambagyaharja wonten ing adicara mantenan adat Jawi. Kados ingkang sampun kaserat wonten ing kompetensi dasar kelas XII semester setunggal. Samangke rekaman badhe dipunputer kaping kalih. Sasampunipun pambagyaharja punika dipunandharaken, para siswa samangke badhe dipunparingi gladhen. Para siswa kasuwun midhangetaken kanthi saksama. Bab-bab ingkang dipunanggep wigati, sumangga saged dipunserat. Supados para siswa saged mangsuli pitakenan-pitakenan ingkang badhe dipunandharaken. Sugeng midhangetaken.

            Pambagyaharja adicara mantenan.
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Mahaagung. Mugi anggung sumanda wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam. Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para sesepuh myang pinisepuh  ingkang pantes sinungkeman. Para sanak kadang sentana warga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja. Para rumaja putra rumaja putri ingkang satuhu kinasih ing Gusti. Waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Minangka purwakaning atur, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan tumrap rawuhipun panjenengan sedaya.
Ing salajengipun, mugi kepareng kula angambali atur uninga. Bilih wontenipun panjenengan sedaya karawuhaken wonten ing Desa Sanan Kecamatan Girimarto, inggih punika wismanipun Bapak Sanusi. Wigatos kasuwun pangestu saha kasuwun anjenengi anggenipun amiwaha putrinipun ingkang asesilih Fatmawati, pikantuk putra pambarepipun Bapak Purwadi sekaliyan saking Desa Kasihan Kecamatan Ngadirojo ingkang akekasih Ahmad.
Lumantar kanthi puja-puji panjenengan sedaya, mugi-mugi Gusti ingkang Mahatunggal aparing nugraha agung dhumateng pengantin kekalih minggahipun ingkang sami mangun bebesanan. Mugi saged ambabar karahayon. Guyub rukun rerentengan-reruntungan anggenipun sami mangun bebrayan utawi bale wisma enggal, widodo nir ing sambekala. Mugi kadumugen kang sinedya, ing satemah mahanani bagya mulya yuwana lair lan batos.
Boten kasupen Bapak Sanusi ngaturaken angunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Paringipun dana ingkang maneka warni, ingkang boten saged kaaturaken setunggal baka setunggal. Pamangku gati sekaliyan boten saged paring tetimbangan punapa-punapa. Kejawi amung tansah nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang Murbengtitah, mugi kepareng anglunturaken sih nugraha dhumateng panjenengan sedaya, satraju kaliyan sih kadarman panjenengan.
Ing wasana semanten atur kula. Hambok bilih wonten muna muni, tandhang graying, kitaling basa, lan kiranging subasita kula titah sak wantah nyuwun agunging samudra pangaksami. Wassalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh. (Pambagyaharja diputar 2x)

Para siswa sampun midhangetaken pambagyaharja adicara mantenan. Sasampunipun nyemak pambagyaharja punika, sumangga dipunserat nama kaliyan kelas. Lajeng, sumangga dipunwangsuli pitakenan-pitakenan ingkang badhe dipunandharaken.

Pitakenan:
1.      Sinten asma ingkang kagungan damel?
2.      Sinten asma besanipun?
3.      Sinten asma penganten kakung?
4.      Sinten asma penganten estri?
5.      Wonten ing desa pundi adicara pahargyan kasebut?
6.      Saking desa pundi besanipun?

7.      Cobi sapunika saben siswa nyerat kanthi ringkes surasanipun pambagyaharja kasebut ngginakake basanipun piyambak-piyambak!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar