Kamis, 26 Juni 2014

Ular-Ular Adicara Mantu Adat Jawa



Assalamu’alaikum wr.wb.
Para tamu kakung putri saha para pinisepuh-sesepuh sedaya, awit mundhi dhawuh saking pamengku gati ingkang anak kula piyambak Bp. Tri Purnomo sekaliyan supados paring ular-ular/sabdatama dhumateng putu/wayah kula Sri Penganten Dani Afianto lan gendhuk ayu Eva Maseta ing pangangkah supados gesangipun mangke saged bagya mulya guyub rukun ngantos kaken-kaken ninen-ninen. Amiin.
Ngger putuku sakloron Eva lan Dani, Mbah Putri arep paring ular-ular marang sliramu sekaliyan. Wong omah-omah kuwi ora gampang. Tumrap wong kakung wong omah-omah kuwi kudu nyiriki 3 (telung) perkara yaiku: mada, maido, lan madhak-madhakake.
Mada kuwi tegese seneng nacad. Contone wong putri ana ngomah wis nyambut gawe abot, kayata resik-resik omah, umbah-umbah, ngrumati bocah, lsp. Ewodene isih dicacad karo wong lanang. Lha, mengko kuwi wong wadon serik banget, lha wekasane dadi kogel atine.
Maido tegese ora percaya, luwih-luwih bab ngecakne dhuwit. Garwamu sing mbok paring dhuwit saben wulane wis ngati-ati banget anggone ngecake. Ya kanggo kebutuhan ajeg sabendinane, ya kanggo nyumbang, kegiatan sosial, lsp. Lha bareng entek mbok paido. Contone. “Dhasar wong wedok boros, ora pinter ngatur dhuwit.” Lha mengkono kuwi serik atine. Mula aja gampang maido ya, Dan.
Luwih-luwih madhak-madhakake karo bojone liyan. Contone “Wong ki mbok kaya Bu Nanik kae, dhasare wong ayu lan ngajeni, yen macak luwes tur pinter, lha bareng kowe jal? Lha kaya mangkono wong wadon uga serik. La yen serik, rumah tangggane dadi ora harmonis, wekasane dadi ringkih.
Semana uga marang putuku Eva. Wong wadon kuwi kudu gemi, nastiti, ngati-ati.
Gemi kuwi tegese ora gampang ngetoke wragat sing ora penting. Wose wong wadon kuwi aja boros. Yen boros kuwi padha karo kancane syetan.
Nastiti kuwi tegese ngerti nyang etungan, aja nganti gampang emosi terus ngetoke dhuwit sak penake dhewe.
Ngati-ati tegese bisa ngormati asile sing kakung, sebab sing golek asil kuwi ya wong kakung.
Sing baku maneh kakung putri sabendinane kudu mat-sinamadan, asih-ingasihan, kareben rumah tanggane bisa tentrem guyub rukun, nganti kaken-kaken lan ninen-ninen. Amiin.
Anakku Eva lan Dani, tak kira cukup semene wae mbah putri anggone paring wejangan marang sliramu kabeh, muga-muga padha ngestokna.
Nuwun sagunging para lenggah kakung miwah putri ingkang kinurmatan. Mekaten sekedhik anggen kula paring sesorah/ular-ular dhumateng wayah kula sri penganten mugi-mugi migunani. Panutuping atur: kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangapura. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar